Ragam

Guyup rukun warga Rt 02 Rw 13 resik – resik lingkungan

196
×

Guyup rukun warga Rt 02 Rw 13 resik – resik lingkungan

Sebarkan artikel ini

Journal News // Cilacap Minggu wage 12/5/2024 , Tembung Rukun Tetangga kuwe ora kur waton tembangan tok tapi nang Grumbul beber Rt 02 Rw 13 Desa Tritih Lor Kecamatan Jeruklegi – Cilacap bener – bener terwujud lahir batine .

Slamet Widodo ( SW ) sing kasebut dadi Rama nang lingkungan kuwe banget – banget beja duwe warga sing pada Guyup rukun .
Acara salapanan kuwe wis rutin dianakna kanggo ngumpul na warga sing keperluane antara lain Rembug warga apa sing perlu dibahas .

Advertisement
Scroll kebawah untuk lihat konten

Dasare Ketua Rt ne ( SW ) ya wong wartawan sing wis kulina komunikasi karo sapa bae , anu siki didadekna Rama nang lingkungan ya anu ora patia binggung.
Menjalin komunikasi loby – loby karo sapa bae ya kepenak bae .
Keputusan rembug warga nang salapanan mau ana pirang werna antara ne :
– Program hewan qurban
– Program Apit – apitan
– Kerja Bakti jl.setapat
– Penerangan jalan.
Kabeh sing wis dadi kesepakatan warga mau di tindak lanjuti kerja bakti dina Minggu wagi , ana wong 30 an pada kerja bakti .
Alhamdulillah ibu – ibu ya melu peduli nyuguhi panganan uga wedangan .

Pak H.wasim salah sijine Tokoh masyarakat turut komentar jere melu bungga anane warga pada Guyup rukun .
H.wasim lan warga liane pada babad alas gawe pepadangane dalan sing mengkone kanggo jalan setapak .
Kuswanto salah siji warga merantau sa wise tak kirimi video kerja bakti mau deweke komentar seneng banget ndeleg kemajune Rt ne dewek .


Mas Lehan warga Rt 02 sing terkenal cang cung meng warga , setelah di loby nang Rt ne disuwuni bantuan gorong – gorong ya anu ora kesuwen ya nyangupi arep nukokna loro jan matur nuwun banget mas lehan ucape pak Rt .
Kaping pungkasan welinge Pak Rt mayuh bareng – bareng mbangun lingkungan sebisane aja ngendelna ndoge blorok .

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *