Juornal News // Cilacap , Nyong kur bisa ngongakna Para Kades sing bergabung Nang wadah ” PAPDESI ” Kabupaten Cilacap sing arep pada tindak Nang Jakarta sore kiye moga – moga Mangkat Bregas Bali Waras .
Nyong salah siji wartawan Daplon bebunggah banget krungu nek PAPDESI Cilacap wis dadi siji manik ora ana kubu – kubuan antara Bu Entin lan Pak Kurwadi wis islah .
Mau esuk dina Senen 19/01/2023 Nang Desa Citepus Kecamatan Jeruklegi pak ada acara kunjungan kerja Bu Pj.Bupati LAN Ketua DPRD .
Para Kades se Kecamatan Jeruklegi.ya pada kumpul keton guyup rukun .
Kades Desa Sumingkir sing jeneng akrabe Pak Yuyun kuwe gendika nek insya Alloh serombongan Kades – Kades Cilacap arep meng Jakarta menyampaikan aspirasinya jere Yuyun .
Kejaba kuwe awan mau wartawan Daplon juga wa an Karo Pak Kades Joko Desa Kubangkangkung .
Semono uga Kades Joko juga matur positif arep pada mangkat Jakarta .
Kades Joko kejaba pamitan juga nyuwun dongga pangestune kanca batir media moga – moga Nang Jakarta mengko di paringi Ridhone Gusti Alloh di kepenakna apa – apane kature Joko .( SW )