Berita

Ora Patut! Pejabat Cilacap Kena OTT KPK Gara-gara Dhuwit THR Rp 610 Juta

48
×

Ora Patut! Pejabat Cilacap Kena OTT KPK Gara-gara Dhuwit THR Rp 610 Juta

Sebarkan artikel ini

 

​CILACAP – Galagatong News , Lagi dadi ontran-ontran lan rasan-rasan wong akeh neng Kabupaten Cilacap. Dina Jumat (13/3/2026) wingi, Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) nindakake Operasi Tangkap Tangan (OTT) sing marai Bupati Syamsul Auliya Rachman lan Sekda Sadmoko Danardono kudu nganggo rompi oranye lan ditahan neng Jakarta.
​Sing marai wong cilik tambah ngenes, jebule temuan dhuwit Rp 610 juta kuwi dudu sekang proyek tok, tapi dhuwit asil pemerasan Tunjangan Hari Raya (THR).

Advertisement
Scroll kebawah untuk lihat konten

​Asep Guntur Rahayu sekang Bidang Penindakan KPK njelasna, nek Bupati Syamsul dalah kroni-kronine terbukti nggalang dana nggo THR para pejabat (Forkopimda) tahun 2026. Moduse, para Kepala Dinas utawa Perangkat Daerah ditariki dhuwit setor antarane Rp 75 juta tekan Rp 100 juta.
​Sing dadi perantara utawa sing nampung dhuwit kuwi jebule para pejabat dhuwur, yaiku:
​Asisten I (Sumbowo)
​Asisten II (Ferry Adhi Dharma)
​Asisten III (Budi Santoso)
Kabeh dhuwit mau disetorna maring Sekda nembe mlayu maring dhuwur.

*​Wong Cilik Lagi Rekasa*

Kahanan iki dadi tamparan keras nggo masyarakat Cilacap. Pas siki kahanan ekonomi lagi melarat, rega beras lan kabutuhan liyane mundhak pas arep Lebaran, jebule pejabat sing kudune ngurus rakyat malah “ijir” dhuwit THR sing ora samesthine.
​”Anak bojo neng ngumah wis nunggu THR nggo tuku klambi lan panganan Lebaran kanthi rekasa, lha kok iki pejabate malah tumindak ora terpuji,” ujare salah siji warga sing ngrasa kuciwa banget.

​Siki kabeh tersangka wis ditahan neng KPK Jakarta nggo proses hukum luwih lanjut. Wong Cilacap mung bisa ngelus dodo ndelok kahanan birokrasi sing jebule isih “penyakiten”. (SW)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *