Nyuwun Dongga Pangestu ne ya lur , nyong arep nyalon Bupati*

Sabtu, 13 April 2024

google preferred source facebook twitter whatsapp telegram copy

URL berhasil dicopy

google preferred source icon facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon copy

URL berhasil dicopy

Journal News // Cilacap 13/04/2024 , Atmosfer Politik Pilkada Kabupaten Cilacap wis mulai gremrengseng kaya tawon bubar .
Lewih – lebih ngadepi Lebaran winggi 1445 H , nang endi papan pating tanceb gambare sing jerene Calon – calon Bupati Cilacap.

Ora ketinggalan sing arane Awaluddin Muuri sing siki esih menjabat dadi Pj. Bupati nganti th 2024 sawise ana Bupati terpilih .
Wong Cilacap ora tua ona enom , ora nang ndesa ora nang kota jane ya wis pada kenal karo Pak Awaluddin Muuri .

Mbiyen nalikane jamane ana ontran – ontran sapa pengantine sekda setelah pensiune Pak Farid .
Jenengan Awaluddin Muuri mbok ya sempat dadi omongan sing jere edek karo Pak Tatto Bupati jaman semono lan sewernane , tapi buktine kan tetep dadi Sekda mbok ?

Wartawan SW melalui sambungan teleponne sempat matur ….Pak nyuwun Sewu apa temenan Rika arep nyalon Bupati ?
Pak Pj. Bupati Awaluddin Muuri dasare pancen ora gila dihormati ya diomong karo jawaan ngoko ya ora jengkel ora apa koh malah deweke melu bae tembung kaya awak dewek .
Mumpung lagi ana wektu bisa telp karo Pak .Pj. Bupati ya yak takoni sing genah sisan antara lain :
Umure Rika jane pira pak ? jawab : 49 th .
Putrane Rika pira ? jawab : 2 lanang kabeh .
Rika ngabdi nang Cilacap wis pirang th ? jawab : 26 th .
Jebule selawase 26 Th lawase ngabdi ya wis werna – werna jabatan di lakoni mulai Pj.Kades , mantri polisi , Camat , Kepala Dinas , Sekda lan sewernane sing terakhir Pj.Bupati mbok di etung – etung ya anu saking pahame pemerintahan Cilacap .

Intine Pak Awaluddin Muuri pancen ngendika , omongna meng batir – batir wartawan nyong di rewangi ya , direwangi lan nyuwun Dongga Pangestu ne ,insya Alloh nyong nyalon Bupati 2024 .
Kaping pungkasan Pak Awaluddin Muuri juga pesen batir – batin wartawan ora usah rikuh pekewuh , insya Alloh nyong nek ana wektu tak layani mbok arep dopokan medang kopi bareng ya monggo diatur bae wektune .( SW )

Berita Terkait

Pria Asal Banjarnegara Meninggal Dunia di Rest Area Tol Palikanci Diduga karena Sakit
Gegara Sampah Terbakar Tanpa Pengawasan, Lahan Bantaran Kali Sragi Baru Sempat Membara Tengah Malam
Pria Asal Banjarnegara Meninggal Dunia di Rest Area Tol Palikanci Diduga karena Sakit
PROF DR SUTAN NASOMAL MEMINTA PRESIDEN RI PECAT DAN PENJARAKAN KADIS YANG MENGHALANGI TUGAS WARTAWAN
‎Tuntut Transparansi Kasus Emas Ilegal Bangkalan, APMP Jatim Serahkan Dumas ke Bidpropam Polda Jatim ‎
Innalillahi wa Inna Ilaihi Raji’un — R.K. Fauzi Ali Bin Rahmo Abdul Fatah, Pengasuh Ponpes Miftahul Ulum Kebun Sari, Berpulang
Klaim vs Fakta , Tiang Teras Anggota BPD di Jalan Desa Payudan Daleman: Pengukuran Ulang Satu-Satunya Jalan Keluar
Workshop P4GN Perkuat Peran Masyarakat dalam Pencegahan Narkoba di Cirebon

Komentar

Tuliskan komentar terbaikmu dengan sopan 😊

Berita Terkait

Jumat, 16 Oktober 2026 - 09:30

Pria Asal Banjarnegara Meninggal Dunia di Rest Area Tol Palikanci Diduga karena Sakit

Jumat, 16 Oktober 2026 - 09:24

Gegara Sampah Terbakar Tanpa Pengawasan, Lahan Bantaran Kali Sragi Baru Sempat Membara Tengah Malam

Jumat, 16 Oktober 2026 - 08:54

Pria Asal Banjarnegara Meninggal Dunia di Rest Area Tol Palikanci Diduga karena Sakit

Jumat, 16 Oktober 2026 - 06:57

PROF DR SUTAN NASOMAL MEMINTA PRESIDEN RI PECAT DAN PENJARAKAN KADIS YANG MENGHALANGI TUGAS WARTAWAN

Kamis, 15 Oktober 2026 - 22:13

Innalillahi wa Inna Ilaihi Raji’un — R.K. Fauzi Ali Bin Rahmo Abdul Fatah, Pengasuh Ponpes Miftahul Ulum Kebun Sari, Berpulang

Berita Terbaru