Juornal News // Cilacap , Selasa legi 21/03/2023 esuk mau Nang pendopo Kecamatan Jeruklegi dianakna upacara Bendera dalam rangka Hari jadi Kabupaten Cilacap kaping – 167 .
Para Kepala Desa ( Kades ) se Kecamatan Jeruklegi mau rawuh Kabeh ageman di di agen ya ageman busana adat Jawa utawane sing di sebut Beskap
Di antarane kades – Kades mau kuwe ana salah sijine Kades Tritih wetan sing keagungan Asmo D i s a n.
Kades Disan mau sering di celuk LAKONE mergane saben – saben ana perlombaan apa Bae mesti dadi juara .
Bubaran acara upacara mau Wartawan SW dopokan Karo Kades Disan Nyambi ngopi karo ngimil jajanan pasar ana muntul , budin , getuk lan sewernane .
Terus Kades Disan tak takoni , Pak Kawit Rika dadi Kades nganti seprene wis entuk piala pira ,apa Bae ?
Kayakiye kang wartawan , nyong lagi ora sombong nyong dadi kades kuwe wis ping telu kiye Jan Alhamdulillah saben ana lomba apa Bae Nang Endi bae mesti entuk juara .
Sing jenenge Piagam , piala kuwe Jan ngaduk diuk nganti lemarine kasi ora muat jere Kades Disan .

Tela iya koh , saking penasarane wartawan SW sengaja mlaku – mlaku mblusukan meng wilayahe Desa Tritih wetan jan ora memper temenan ora Ketang tukang ngarit Bae ngerti sing arane Kades Disan terus jajal wartawan SW Takon meng kontraktor wilayah jeruklegi ya pada bae Kabeh – Kabeh pada kenal Kades Disan kuwe sekang sepak terjange sing merakyat .( SW )











