Juornal News // Cilacap , Senen Wage 23/01/2023 Andry Leonard Rotty anggota DPRD Faksi Partai PDI . Perjuangan Kabupaten Cilacap rawuh nang kumpulan warga Dusun Pengasinan Desa Jeruklegi Kulon .
Ora kur pisan pindo kiye tok sing jenenge Andry Leonard Rotty kuwe kampal kumpul Karo wargane nang endi papan ora tua ora enom., Ora Lanang ora wadhon Kabeh kenal Karo pak Dewan Andry .
Ari dituruti kekarepane warga Kabeh – Kabeh pengin di rawuhi Nang pak Dewan Sekang PDI .Perjuangan sing asli wong Jeruklegi yakuwe Andry Leonard Rotty ( ALR )
Senen wage Wiwit jam 9 esuk mau ibu – ibu PKK Dusun Pengasinan Desa Jeruklegi kulon nganakna pembagian asupan makanan bergizi kanggo Balita Nang wilayahe sekitar ana wong satusan ibu – ibu sing duwe bocah cilik ( Balita ) pada bondong – bondong teka nang Balai warga .
Anane Ranting lan anak ranting Partai PDI.Perjuangan sing wis terbentuk Nang saben desa .
Salah sijine program yakuwe mbantu programe pemerintah antara lain pencegahan Stunting lan sewernane .
Keperdulian marang lingkungan masing – masing pancen wis dadi kewajibane Kabeh pengurus PDI.Perjuangan .
Andry Leonard Rotty nalika diwawancarai Nang wartawan SW , apa tujuane Rika rawuh Nang acara kiye pak, padahal kiye acarane kur kelompok.dusun ?
Mas wartawan aja kelalen anane Gedhe kuwe maune asale sekang cilik jawabe .
Terus ALR nganjutna omong ” Ora ana Tembung ndinggalna Rakyat ” kuwe maksude nyong bisane dadi anggota DPRD kaya siki kiye ya mergane di pilih Nang Rakyat .
Maka Siki gelem ora gelem., Suka tidak suka ya kudu serawung Karo Rakyat oke ?
Kaping pungkasan Andry Leonard Lorry ( ALR ) matur nuwun banget marang para wartawan sing wis turut andil menginformasikna sing apik – apik kanggo kepentingan bersama .( SW )