Juornal news // Cilacap Alhamdulillah Gusti Alloh ngabulaken dongane wong akeh ,mau Rebo legi tanggal 16/3/2022 Nang pendopo Balai Dusun Tritih lor kecamatan jeruklegi kabupaten Cilacap acara penetapan LAN pengundian nomor urut Calon Kades berjalan Kanti lancar .
Sing lewih kabecan maning nomer urute pak S U J U D sing dadi kudangane wong akeh tibane Nang No 2 .
Akeh sing pada ngomong ” Cocok Karo Impen mergane pak Sujud kuwe arep maju Kades sing kaping 2 ne ana Tembung maning kiye wis kode alam .
Ya wise Kondur Nang ndaleme pak Sujud ,pendukunge ora tua ora Enom ,ora wadon ora Lanang wis nyambut Kanti bebunggah pisan .
Kota ketang ” Kaki Daplon sing wis umur 80 tahun ya keronto – ronto Melu nyambut .
Pendeke sing jenenge pak Sujud kuwe wong sing lagi tiba kebejan temenan .
Sing jenenge wong lek – lekan ora Nana lirene .
Tamune ya ndilir ora ana pedote .
Jere kaki Daplon sing wis ngangap Sujud kuwe kaya anake dewek .
Sujud kuwe sedurunge dadi Kades kaya siki kiye maune dadi Kayim nek ana kematian ora petang pentung langsung di Rumat jenasahe Kanti rampung .
Kiye kari ngundu tandurane jere kaki Daplon .( Slamet wi )