CILACAP – JOURNAL NEWS
Jenenge Farid Ma’ruf, mantan Sekretaris Daerah Kabupaten Cilacap. Saiki wis purna tugas, tapi wibawane ora purna. Pemerintah isih percaya maring beliau dadi Ketua Palang Merah Indonesia Kabupaten Cilacap.
*Pit-pitan Blusukan Tiap Minggu*
ADVERTISEMENT

SCROLL TO RESUME CONTENT
Wis dadi adat, saben Minggu tanggal 14 /6/2026 , Pak Farid mesti pit-pitan. Ora mung golet kringet go kesehatan, tapi blusukan meng ndesa-ndesa. Tujuane siji: nguping langsung keluh-kesah wong cilik.
“Kejaba olah raga, ya kanggo nggolet informasi langsung sekang masyarakat. Apa sing dadi permasalahane wong ndeso,” ngendikane.
*Pensiunan Ora Sombong*
Pensiunan Sekda kuwe udu mantan pejabat sing angel goletane apa maning sing gila hormat. Buktine, sedawane pit-pitan karo garwane, Pak Farid seneng mampir medangan nang warung-warung cilik utawane UMKM Nyedot teh anget, ngobrol karo bakule, langsung nyerep aspirasi.
*Kesibukane Ora Mung Pit-pitan*
Saliyane pit-pitan, Ketua PMI kiye uga hobi berkebun. Nang pekarangane akeh tanduran buah-buahan kaya melon, sayur mayur, lan rupa-rupa tanaman hias. Urif pensiun tapi tetep produktif.
*Pesan Pungkasan Sing Adem*
Nang pungkasan wawancara, begawan birokrasi kiye nuturke *filosofi urip*:
“Dadi wong ora perlu kemrungsung. Cara Cilacape ya setel kendo bae. Nikmati masa pensiun sing legowo, namung kudu siap dawuh nalika Pemerintah membutuhkan,” pungkas Farid.( SW )












Komentar