Berita

DESA SAWANGAN NGANAKNA MEMETI BUMI*

73
×

DESA SAWANGAN NGANAKNA MEMETI BUMI*

Sebarkan artikel ini

CILACAP // Juornal News* – Dina Kemis Wage, 7 Mei 2026, warga Desa Sawangan, Kecamatan Jeruklegi nganakna adat _Memeti Bumi_ utawa _Sedekah Bumi_. Acarane aman, tentrem, wargane pada teka sekang awal tekan rampung.

*1. Kirab Gunungan Jam 10 Esuk*
Acara molai jam 10 esuk. Ana _Kirab Budaya_ nggawa Gunungan isi asil bumi. Arakan molai sekang ngarep umahe Pak Kades Sunarto, terus maring Lapangan Desa. Jarakke kira-kira sakilometer.

Advertisement
Scroll kebawah untuk lihat konten

Sing mimpin ning ngarep dewek: Pak Kades Sunarto, Ketua Adat Pak Ikhsanurdin, pamong desa, karo para sesepuh.

*2. Upacara Pasrah-Tampa ning Lapangan*
Tekan lapangan, diterusna Upacara Adat. Pak Ketua Adat masrahna Gunungan maring Pak Kades.

Tegese _pasrah-tampa_ kiye: warga Sawangan ngaturaken rasa syukur maring Gusti Allah SWT, merga wis diparingi panen akeh tur berkah. Pak Kades nampani karo bungah.

*3. Mangan Bareng Dadi Tanda Rukun*
Sakwise kuwe, isi Gunungan dibagekna lan dipangan bareng-bareng. Wong sakdesa pada kumpul, mangan bareng. Iki bukti nek warga Sawangan pada rukun lan bebarengan nyuwun slamet maring Gusti Allah.

*4. Pituture Pak Kades lan Ketua Adat*
Pak Kades Sunarto ngendika: “Acara tahunan kiye ben pada kelingan, aja pada klalen syukur maring Gusti. Ayuh alam dijaga, ben anak putu ngesuk pada ngrasakna hasile.”

Pak Ikhsanurdin minangka Ketua Adat uga ngendika: “Sedekah Bumi kiye adat turun-temurun. Intine ngaturaken syukur merga wis diparingi rejeki sekang bumi lan saisine.” *(SW)*

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *