NGURI-NGURI BUDAYA, JERUKLEGI KULON NGGELAR WAYANG KULIT

Selasa, 16 Juni 2026

google preferred source facebook twitter whatsapp telegram copy

URL berhasil dicopy

google preferred source icon facebook icon twitter icon whatsapp icon telegram icon copy

URL berhasil dicopy

 

_Cilacap – Journal News_

Wong Jeruklegi Kulon, Kecamatan Jeruklegi, Kabupaten Cilacap esih pegang teguh karo budaya Jawa. Buktine, Senen Pon tanggal 15 Juni 2026, jam songo bengi mau, pendopo desa rame banget. Wong sak desa teka kabeh, tujuane siji: nonton wayang kulit.

Dalange ya dalang kondang soko Banyumas, Ki Hadi Siswocarito. Lakone “Babad Alas Mandolosroyo”. Critane mbabat alas, mbangun peradaban. Cocog karo kahanane desa saiki.

*Kades Ritam: Wayangan Iki Ana Tujuane*

Pak Ritam Sugianto, Kades Jeruklegi Kulon, karo Ibu nyambut tamu. Nang sambutane, Pak Kades ngomong blak-blakan.

“Wayangan iki sing pertama, tujuane nguri-nguri budaya Jawa ben aja ilang. Sing nomer loro, kanggo nyambut taun anyar Hijriyah 1448 H, syukur-syukuran. Sing nomer telu, tasyakuran perangkat desa”.

Pak Kades uga matur bab pembangunan. “Alhamdulillah, pembangunan fisik wis mlaku. Kali-kali wis dinormalisasi, dalan-dalan wis pada apik. Tapi aja cepet puas, ayo padha nyengkuyung bareng”.

Ora lali, Pak Kades ngelingna. “Dela maning ana hajatan gede, Pilkades. Dadi warga kudu ngerti, gunakna hak pilih sing becik. Aja golput”.

*Camat Irwan: Anggaran Seret, Nanging Kudu Pinter*

Sing mewakili Forkopimcam, Pak Camat Jeruklegi Irwan Arianto, STP. M.Si. uga munggah mimbar. Bahasane ceplas-ceplos khas wong Ngapak.
“Anggaran taun 2026 iki lagi seret, prihatin. Mula, pemerintah desa kudu pinter-pinter ngatur duit sing ana. Ojo boros, sing penting ngena”.

Nanging Pak Camat muji Pak Kades Ritam. “Tapi nyatane, pembangunan nang Jeruklegi Kulon rata kabeh, tekan Kadus-Kadus. Matur nuwun Pak Kades. Iki pas karo lakon Babat Alas mau. Jenenge mbabat alas ya kudu wani, kudu sregep. Cocog karo kinerjane Pak Kades”. (SW)

Berita Terkait

Penjualan Miras terbesar di Wilayah Kapetakan Cirebon Bebas,Kinerja APH dipertaruhkan
Anggaran Satpol PP Lahat 2025 Miliaran Jadi Sorotan Aktivis
Blokir Nomor Wartawan Saat Dikonfirmasi soal Anggaran,Kepala Perpustakaan Lahat Minta Bupati Lahat Copot
Priamanaya Group Salurkan Beasiswa Berprestasi di Ring Satu Perusahaan
‎Temuan Limbah Medis Diduga Dibuang Sembarangan di Sidoarjo, APMP Jatim Desak APH Turun Tangan ‎
Efisiensi: Anggaran Sekwan DPRD Lahat Rp81 Miliar Lebih PUBLIK’Transfaransi Cegah Rawan Korupsi
Petasan Meledak di Halaman Rumah, Warga Karangdadap Pekalongan Dilarikan ke Rumah Sakit
Kapolda NTB Pimpin Upacara Hari Juang Polri, Kenang Proklamasi Polisi 21 Agustus 1945

Komentar

Tuliskan komentar terbaikmu dengan sopan 😊

Berita Terkait

Rabu, 9 September 2026 - 09:20

Penjualan Miras terbesar di Wilayah Kapetakan Cirebon Bebas,Kinerja APH dipertaruhkan

Minggu, 6 September 2026 - 19:54

Anggaran Satpol PP Lahat 2025 Miliaran Jadi Sorotan Aktivis

Rabu, 2 September 2026 - 15:48

Blokir Nomor Wartawan Saat Dikonfirmasi soal Anggaran,Kepala Perpustakaan Lahat Minta Bupati Lahat Copot

Selasa, 1 September 2026 - 19:15

Priamanaya Group Salurkan Beasiswa Berprestasi di Ring Satu Perusahaan

Sabtu, 29 Agustus 2026 - 01:06

‎Temuan Limbah Medis Diduga Dibuang Sembarangan di Sidoarjo, APMP Jatim Desak APH Turun Tangan ‎

Berita Terbaru